Minggu, 05 September 2010

Obrolan Nelayan Tanjung sari


Percakapan Orang Nelayan Tanjung sari

Mungkin anda tidak akan mengerti makan dari ucpan percakapan orang nelayan ini,tapi bagi anda orang tanjungsari-pemalang pasti paham betul ucapan ini,hiraukan aja nggak papa,tapi kalu mau baca ya boleh boleh saja,ngak ada yang ngelarang kok..

Assalmu alikum,priben kabare sedulur kabeh wong minyang tanjung sari,lagi pada minang apa kiye,lagi ana pemetan apa,sing rame wong minyang apa,nylon,meci apa ngobor.

Moga-moga wong minang rame men badane melu-melu rame,bisa nokokna klambi anak,bojone,bisa mbayar fitrah.
Pan bada kah,moga-moga ana pemetan wis men rame lah..,awit wingi ombak bae wong minyang paila nemen,ora nduwe duit seperak-peraka,pan coba minyang wingi nendo,ora cukup kanggo mbayar perbekalan,solare mundak,berase mundak,iwake langka,ning pas rame iwake regane murah,sing penak ya wong ndepotan ora melu minyang duite akeh,tukune iwak murah adole nang jakarta larang,nasibe wong minyang pan priben maning,loken pan adol iwak dewek maring jakarta ya ora mungkin lah..

Esuk-esuk bar sembayang shubuh manngul jaring,ngawa solar pan mangkat minyang,moga-moga ana hasile pan coba luruh urang.pan minyang garok saiki garok di larang,ana sing mangkat sore minyange,kuwe arane minyang ngobor luruh unus,luruh iwak kembung,ana sing minyang nylon babang telung dina,luruh iwak tongkol.

Angger wong minyang rame kah mending,aku melu-melu seneng badane wong tanjung sari bisa rame.
Jaman saiki nasibe wong belah cilik angel ora minyang ora mnagn ,annger minyang perbekale akeh,sing dadi jragane mumet,perbekalan akeh,solar mundak,es larang,pan ora minyang ora nduwe duit,yah wis pasrah bae karo sing nggawe urip,moga-moga minyange along,entuk iwake sing akeh men ora nendo,bisa makani anak bojo.

Ya wis dak dongakna moga-moga wong minyang pada rame,ora usah putus asa urip ana sing ngatur,rezeki wis ana sing mbagi,sing penting tetep iman islam,anak,bojo bisa manan,anak bisa sekolah.sing syukr seneng atine.
Pada tetep puasa,tetep traweh aja klalen mbayar zakat fitah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar